Sambutan Ikror GENDURI/Selamatan dalam acara Pulang dari Rumah sakit bahasa jawa
PAK DHE
Sambutan Ikror GENDURI/Selamatan dalam acara Pulang dari Rumah sakit bahasa jawa
Atur Pambagyaharja Kenduri Kepulangan saking Griya Sakit Mukadimah: Assalamualaikum Warahmatullahi Wabarakatuh. Alhamdulillahirobbil alamin, Washolatu wassalamu ala asrofil anbiya iwal mursalin, Sayyidina Muhammadin waala alihi washohbihi ajmain, Amma ba'du. Salam Hormat: Wonten ngarsanipun para pepundhèn sepuh, pini sepuh, aji sepuh ingkang tansah tuhu kinurmatan. Wonten ngarsanipun para alim ulama, ustadz ustadzah, saha tokoh agami ingkang Kulo LAN panjenengan takdzimi.. lan para rawuh kakung miwah putri, sumrambahipun bapak/ibu tanggi tepalih ingkang winantu ing kabagaswarasan. Isi Sambutan: Purwaka-ning atur, monggo kulo lan panjenengan sedoyo muji syukur dhumateng ngarsanipun Allah Subhanahu Wa Ta'ala, ingkang sampun paring rahmat, taufik, lan hidayahipun dhumateng kulo panjenengan sami. Katitik ing wekdal puniko kulo panjenengan sedoyo saged makempal ing dalem mriki saperlu ngrawuhi acara kenduri/tasyakuran kanthi pinaringan karaharjan mboten wonten aral setunggal men…