Postingan

Lirik Zaman Wes tuwo

PAK DHE
Do elingo iki zamane wis tuwo Tuntunan agomo jo dianggep kuno Lakonono ajarane Walisongo Sing ra kerso ojo nyacat ojo ngino Ajaran Walisongo werno-werno Dzikir Tahlil kirim dongo lakonono Moco Qur’an lan Sholawat kulino Ziaroh kubur ojo nganti dilalekno Ono carane dakwah klawan budoyo Umpomone koyo Sunan Kalijogo Pituture mlebu ati ora kroso Tuntunan agomo biso diamalno Wis kabukten rikolo zaman sakmono Akeh poro manungso nyembah berholo Banjur sadar laku musyrik ditinggalno Podo nderek ajarane Walisongo

Posting Komentar