Sambutan tuan rumah dalam acara tahlilan kirim do'a ahli kubur dalam bahasa jawa 



atur pambagya acara kirim doa/tahlil

Assalamualaikum wr.wb

Alhamdulillah wa syukrulillah wa sholatu wa sallamu ‘ala rasulillah sayyidina wamaulana Muhammadin wa ‘ala alihi wa shahbihi wa mawwalah, amma ba’dah.


Konjuk wonten ngarsanipun para pepundhen, para sepuh, pinisepuh, para sesepuh, ingkang kinabekten, langkung-langkung panjenenganipun .................... ( sesepuh atau kiyai yang hadir ) ingkang tuhu kinurmatan. Para rawuh para lenggah, sepuh miwah anem, ingkang tuhu pantes sinudarsana. Sugeng rawuh, wilujeng dalu, sugeng pepanggihan, lan sugeng pinarakkan kanthi mardikaning penggalih.



Langkung rumiyin, sumangga kula panjenengan ngonjukaken raos syukur wonten ngarsa dalem Allah SWT, karana sih rohmat lan barokahipun ingkang sampun kaparingaken dhumateng panjenengan sedaya lan kula, sahengga ing menika wekdal kula panjenengan saged makempal wonten dalemipun bapak ...................( tuan rumah ) kanthi pinaringan karaharjan, mboten manggih alangan setunggal menapa. Pramila saking menika sumangga nuwun kula dherekaken sesarengan maos kalimah tahmid “alhamdulillahirobbil'alamin.”
Shalawat lan salam mugi tansah lumintu lumintir dhumateng titah linangkung ingkang dados panutan patuladhan kula panjenengan sedaya nenggih Sang Nabi Agung Muhammad SAW ingkang kula panjenengan antu-antu syafa'atipun wonten yaumil qiyamah. Allahumma amin.



Para rawuh para lenggah ingkang tuhu kinurmatan, kula ing ngriki minangka talanging atur Bp/Ibu ...................... ( tuan rumah ) sakulawarga, keparenga nggempil kamardhikan panjenengan sawetawis saperlu ngaturaken wigatosing gati ing kalenggahan menika.

Purwaning atur, Bp/Ibu ................................... sakulawarga ngaturaken sugeng rawuh sinartan agunging panuwun dhumateng panjenengan sedaya awit sampun sami kepareng ndhanganaken penggalih haminaaken wanci saha nglonggaraken wekdal saperlu ngrawuhi menapa ingkang dados panyuwunipun. 
Mugi-mugi rawuh panjenengan sedaya menika dadosa ngamal soleh ingkang pikantuk piwales kesaenan saking ngarsa dalem Allah SWT kanthi matikel-tikel. Allahumma amin.

Ewondene menggah hajat tujuanipun Bp/Ibu ..........................( tuan rumah ) ngrawuhaken panjenengan sedaya mboten sanes kejawi badhe pun suwuni bantuan arupi ndherek-ndherek dhedhepe wonten ngarsa dalem Allah SWT, dedonga kanthi waosan kalimah toyyibah utawi tahlil, ingkang khasanahipun mugi dadosa donga pamuji, mugi-mugi para arwah ahli kulawarganipun Bp/Ibu ................ ( tuan Rumah ) ingkang sampun sumare, nuwun inggih: 
............................................................................................ sak peminggah sak pengandhap mirungganipun, lan sumrambahipun para arwah mukminin-mukminat muslimin muslimat samudayanipun, pikantuka maghfirah saking ngarsa dalem Allah SWT, katampia sedaya amal kesaenanipun, lan pinaringan papan kesaenan saha kanikmatan saking ngarsa dalem Allah SWT satimbang kaliyan darma bekti lan amal kesaenanipun. Allahumma amin.
Dene minangka imam tahlil badhe kasuwunaken dhumateng panjenenganipun ........................( nama imam tahlil )



Ananging sanget ndadosaken kuciwaning manah, dene Bp/Ibu    ........................ ( tuan rumah ) sakulawarga anggenipun nampi rawuh panjenengan sedaya mboten saged atur papan pilenggahan ingkang sarwa sekeca, menapa dene pasugatan samangke ingkang sarwa kirang mahanani, pramila Bp/Ibu .............................( tuan rumah )  sakulawarga sanget anggenipun nyuwun lumunturing sih samodra pangaksama panjenengan sedaya.

Dene kula pribadhi, mbokbilih anggenipun matur lan sowan wonten kalepatan, kekirangan, saha keladukipun, kula tansah tumadhah nyuwun rumentahing sih samodra pangaksami.

Ing wasana, billahittaufiq walhidayah, wassalamua'alaikum wr.wb.

Katur dhumateng panjenenganipun ........................... ( nama imam tahlil ) kula sumanggaaken, nuwun.