Pidato Jawa sambutan tuan rumah (pamengkuh gati) acara tahlilan

PAK DHE
Pidato Jawa sambutan tuan rumah (pamengkuh gati) acara tahlilan
Sambutan tuan rumah dalam acara tahlilan kirim do'a ahli kubur dalam bahasa jawa  atur pambagya acara kirim doa/tahlil Assalamualaikum wr.wb Alhamdulillah wa syukrulillah wa sholatu wa sallamu ‘ala rasulillah sayyidina wamaulana Muhammadin wa ‘ala alihi wa shahbihi wa mawwalah, amma ba’dah. Konjuk wonten ngarsanipun para pepundhen, para sepuh, pinisepuh, para sesepuh, ingkang kinabekten, langkung-langkung panjenenganipun .................... ( sesepuh atau kiyai yang hadir ) ingkang tuhu kinurmatan. Para rawuh para lenggah, sepuh miwah anem, ingkang tuhu pantes sinudarsana. Sugeng rawuh, wilujeng dalu, sugeng pepanggihan, lan sugeng pinarakkan kanthi mardikaning penggalih. Langkung rumiyin, sumangga kula panjenengan ngonjukaken raos syukur wonten ngarsa dalem Allah SWT, karana sih rohmat lan barokahipun ingkang sampun kaparingaken dhumateng panjenengan sedaya lan kula, sahengga ing menika wekdal kula panjenengan saged makempal wonten dalemipun bapak ...................( tuan rumah ) k…