Tuan rumah mengundang tetangga, kerabat dengan menyediakan berkat yang berupa makanan lengkap dengan lauk pauk beserta buah dan lain-lainnya.


Kendurenan  dipimpin oleh seorang modin, pada postingan ini saya akan memberikan contoh teks ujub atau ijab yang diucapkan seorang modin saat memimpin kenduren. Saya bukanlah seorang modin, tetapi karena sering mengikuti kendurenan sedikit banyak apa yang disampaikan mbah modin saya ingat.

Berikut ini ujub/ijab kenduren,


Bismilahirrohmanirrohimi
Assalamu'alaikum warohmatullahi wabarokatuh
Alhamdulillahirobbil 'alamin wa shalatu wassalamu 'ala asyrafil anbiya'i wal mursalin sayyidina wamaulana Muhamadin wa'ala alihi wa shahbihi ajma'iin. amma ba'du
Nuwun dhumateng para rawuh, para sesepuh pinisepuh, bapak-bapak, lan sedherek sedaya ingkang rawuh wonten dalemipun bapak ............................ ingkang kula hormati.
Kepareng matur wonten ngarsa panjenengan sedaya, keparenga kula ngijabaken/ngujubaken/ngikraraken menapa ingkang dados hajatipun bapak ................................. sak keluarga.
Keparenga kula matur setungal aturan, kalih aturan, tigang aturan kepara langkung

*Ingkang sepisan Panjenenganipun Bapak ...... ngaturaken matur suwun menggah rawuh penjenengan sedaya, ewandene rawuh panjenengan sedaya nun inggih dipun suwuni paseksen miwah berkah donga panjenengan sedaya, mugi - mugi kanthi pangestu panjenengan sedaya hajatipun bapak ..........  saged kinabulan dening Allah Subhanahu wa Ta'ala 

*Ingkang setunggal aturan Bapak............ kepareng caos khormat dumateng Nabi Adam lan ibu Hawa, pramila dipun khormati mugi Allah paring kawilujengan dumateng penjenenganipun rinten kelawan dalu milai awal lan sak akhiripun

*Ingkang sak lajengipun  Bapak ...............ngaturaken sodakohan  arupi sekul uduk ulam sak lembaran lan sedaya pirantosipun punika kepareng paring khormat dumateng junjungan kita Nabi Muhammad SAW sumarambah garwa, lan putranipun saha Sahabatipun Abu Bakar, Umar, Utsman, Ali, pramila dipun khormati piraingan syafaatipun milai menika dumugi ing akhitaipun, lan mugi Allah tansah paring kawilujengan dumateng penjenenganipun rinten kelawan dalu milai awal lan sak akhiripun

*Ingkang kalih aturan Ibu....... ( istri yang punya hajat )  paring sodakoh arupi buah pisang arum keparing caos khormat dumateng Ibu Siti khadijah ingkang dados panutanipun, pramila dipun khormati mugi Allah paring tinggeng langgeng anggenipun ngupaya raja kayanipun lan mugi Allah paring kawilujengan dumateng penjenenganipun rinten kelawan dalu milai awal lan sak akhiripun

*Setunggal aturan malih, nuwun inggih wonten ing dalu/siang punika panjengannipun bapak .................nggadahi hajat nun inggih ..........................................( sebutkan niat tuan rumah  ).
mugi - mugi Allah SWT tansah ngijabahi menapa ingkang dados hajatipun Bapak........sak keluwarga. Slamet inkang gadhah hajat ugi slamet ingkang ndherek paring donga pamuji.
Al Fatikhah ........................................
*kemudian mbah modin membaca do'a *
Wassalamu'alaikum warohmatullahi wabarokatuh